soutbox

Name :
Web URL :
Message :

Jumat, 08 Oktober 2010

Sejarah Burok Cirebon

Prakata

Burok itu salah satu kesenian pagelaran sekarang daerah pantura perbatesan sisi barat Jawa Tengah sampe pantura Jawa Barat yang sekitar kabupaten-kabupaten Brebes & Cirebon. Pagelaran kesenian Burok ini mirip pegelaran kesenian Barongsai,bedanya tetap Barongsai itu memakai wujud hewan utama naga, burok itu memakai wujud hewan utama kuda di kepalanya itu kepala putri cantik yang rambutnya panjang. Wujud hewan pengiring lainnya antaranya: harimau, singa, gajah, monyet, kebo juga onta.

[sunting] Sejarah

Kesenian Burok kuwe molai dikembangna Sunan Kalijaga nggo dadi ngejak masyarakat kumpul-kumpul sisan ngerungokna dakwah agama Islam. Dadi pada karo kesenian wayang, burok kuwe dadi sarana pambuka nggo nganakna silaturahmi uga komunikasi karo rakyat.

[sunting] Asal Tembung Burok

Ana pirang-pirang versi perkara asal tembung burok kiye, ana sing nyebut kiye asale sekang jeneng kendaraan nabi Muhammad SAW wektu dheweke Isra' Mi'raj, ning kiye dadi mandan ora cocog karo wong wadon sing rambute dawa kuwe. Ana juga sing ngomong kuwe sekang tembung arab baburahmah sing artine pintu keselamatan.

[sunting] Pagelaran Burok

Kesenian Burok digelar umume nang pelataran sing amba misale alun-alun uga bisa ngider dadi digawa nganggo kendaraan. Burok kuwe nganggo iringan musik tradhisional sing perangkat musike antarane: gitar, beduk, kendang, kencer uga gitar bas.
Ana pakem nggo pagelaran kesenian kiye antarane nek nggo hiburan hajatan biasane nganggo sesaji, nganggo do'a, uga kudu nganakna upacara suwuk desa.
Pemain burok kuwe akeh variasine, angger kelompok burok sing gede sing wis mapan biasane pemaine ngantek puluhan wong, wujud kewane uga lewih akeh, sing penting jaran sing endase wadon kuwe aja ketinggalan uga kewan singa depok utawa singa sing nggo tunggangan. Singa depok kuwe digotong, sing nggotong umume pendekar-pendekar pencak silat. Iringan liyane antarane, barisan putri ayu.
Pagelaran kesenian burok sing manut pakem siki wis arang banget, grup-grup burok uga arang banget merga arang sing nanggap. Nek wulan puasa biasane ana burok sederhana sing digelar nggo nggugah wong saur.

1 komentar:

edgardofahlstrom mengatakan...

JW Marriott Atlantic City - MJH Hub
JW Marriott Atlantic City 구리 출장마사지 Hotel & Casino is operated by JW Marriott International Group. 구리 출장마사지 The hotel is located on the 경주 출장안마 north shore 안산 출장안마 of  Rating: 의정부 출장마사지 4.5 · ‎3,657 reviews

Posting Komentar